Wednesday, February 27, 2008

Mulane dimimiki ASI wae!

Wingenane aku nonton berita ing tivi sing ngandharake anane bakteri berbahaya sing kumandhung ing susu formula kanggo bayi. Tim peneliti saka IPB nemokake bab bacteri iku lan supaya hasile luwih bisa dipercaya dianaake penelitian lanjut ing Jerman. Bakteri iku jenenge: enterobacter sakazakii. Dhampak negatife bakteri iku njalari radhang selaput otak lan radhang usus mungguhing bayi. Durung dicethaake merk susu formula sing katliti iku (hehehe...ndakne mencemarkan nama baik perusahaane paling!)

Kanggone bayi paling marahi mencret! Welha...! Mencrete bayi ki wis marahi bingunge wong tuwa jare! Apa maneh sing jenenge bayi udakara umur 1th durung bisa celathu apa maneh nyritaake kahanane awake. Popoke teles wae isane mung oak-oek nangis.

Aku dhewe durung duwe momongan. Kancaku tunggal saomah petak duwe bayi durung ana setahun, nanging wis disapih merga ora doyan mimik ASI ibune. Dadine ya melu dheg-dhegan. Sanadyan ana cara supaya bacteri iku kanetralisir kanthi digodhog ing suhu 70 derajat Celcius sawetara suwe, nanging ya tetep wae kuwatir.

Gak usah isin neteki ingkang putra Aku weling marang nyonyahku, sesuk yen duwe bebi sabisa-bisane kudu dimimiki ASI! Mbuh piye carane. Mbok menawa diwiwiti seka rikala ngandhut. Awit aku cubriya uga marang susu formula kanggone ibu-ibu hamil: gek-gek susu formula ibu hamil iku marahi bayi sing dikandhut "ketagihan" utawa tuman marang senyawa-senyawa formula sing wis kaasup rikala ing guwa garba. Mesthi wae kekuwatiranku mung ana ing rasa cubriya wae, wong aku dudu ahli gizi utawa ahli hormon, utawa ahli kandungan!

Jarene mbokku, biyen anane ya mung ASI kanggo mimiki aku: murah, praktis tur mesthi digawa nang ngendi wae. Kaya "termos ajaib"! Hehehe... hasile, jos! Nyatane aku saiki isa gawe blog kaya ngene! Hihihi... ASI kan jelas-jelas organik, tanpa bahan kimia lan bahan pengawet liyane toh? Dadi sehat lan penuh kandungan nutrisi sing ora ana tandhinge! Tur maneh, dadi katon mesra antarane ibu lan putra, iki nutrisi batin sing ora bakal diwenehake dening susu formula apa wae. Kaendahane dadi jejering ibu katon banget rikala neteki putrane. Mulane, bebine dimimiki ASI wae, gratis! Tinimbang disusoni sapi, tur larang? Lha!

Ngapa ya, kok ibu-ibu mudha saiki luwih dhemen marang susu formula kanggo putra-putrine? Maneka warna sebabe: ASI-ne ora metu, bayine ora doyan, utawa si ibu isin kasawang dening wong liya (mundhak diarani pornografi!), lsp. Byuuuuuh... Mesthi ana sebab sing maton kanggo ibu siji lan sijine.

Mangga prayoga digatekake.... ***

Thursday, February 21, 2008

Udan

Mau bengi udane deres banget, kaya grojogan. Biasane swasana udan ing wayah bengi gawe turu tambah angler. Nanging udan mau bengi malah marahi aku nglilir, merga kadhemen. Tur maneh, udan kaya mau bengi ing Jakarta marahi ati miris, kuwatir ana banjir. Panggonanku dudu kawasan rawan banjir. Nanging kaya-kaya ati iki tetep ora jenak. Turu ora kepenak. Pikirane nglambrang mlayu ing tlatah Jakarta lan Bekasi sisih lor. Adhiku ana sing mapan ing kana. Wah, gek kebanjiran apa ora? Muga-muga wae ora.

Tekan esuk anggonku turu ora angler. Tangi kawanan, tekan kantor jam 08.28 WIB. Wadhuh! ***

Friday, February 15, 2008

Kenya Bali - Balinese Girls

Iki gambar kenya-kenya ing Bali sing lagi padha arak-arakan tumuju ing kuil kanthi nyunggi sesaji. Gambar iku dak jepret rikala tahun 2003. Sawuse dak edit nganggo Photoshop banjur dak upload. Klik gambar-gambar ing ngisor iki yen kepingin mriksani ukuran sing luwih gedhe.



Saliyane gambar kenya-kenya iku, ing ngisor iki uga gambar-gambar seka plesiran ing Bali:




Welcome to Bali... Welcome to Indonesia! ***

Wednesday, February 13, 2008

MP3 Wayang Ki Hadi Sugito

Sasedane swargi Ki Hadi Sugito akeh para pandhemen wayang kulit sing rumangsa kelangan. Uga akeh sing dadi tuwuh rasa kangene marang swarane Pak Gito sing gandem. Sadurunge sedane wus akeh pita kaset rekaman lakon-lakon wayang kanthi dhalang Ki Hadi Sugito sing beredar lan uga diduweni dening para pandhemen. Tekan saiki uga isih akeh radio sing nyiarake rekaman-rekaman iku. Ewa semono, sedane ki dhalang kaya-kaya murugage rasa kangen iku tuwuh ngrembaka dadi pepinginan ngoleksi rekamane.

Apese iku sing dak rasakake. Rikala ana ing salah sawijining blog sedulur diangkat bab berita sedane Ki Hadi Sugito, sedulur-sedulur komentator akeh sing padha takon, kepriye carane oleh kopian MP3-ne. Ana sing liwat di-sharing-ake lan diundhuh (download) saka Multiply.com utawa liyane. Ana ing kana aku tahu crita yen aku duwe MP3 wayang Ki Hadi Sugito, cacahe ana 10 lakon (10 CD, saben CD-ne 16 track). MP3 iku aku gawe dhewe kanthi nransfer seka rekaman pita kaset (saben lakon ana 8 kaset) nganggo tape-deck sing dak sambungake karo komputer. Bakda wara-wara kaya mangkono, banjur akeh sedulur sing padha kirim e-mail aku, ngersaake supaya dikirimi CDs iku.

Maune aku nyoba upload ing salah sijining situs. Ananging merga saka gedhening ukuran file (saben track rata-rata 30Mb), upaya iku dak urungake. Mulane aku durung bisa atur katerangan marang sedulur-sedulur, ing ngendi file-file MP3 iku bisa kaundhuh. Sedulur-sedulur sing ngersaake dikirimi uga durung dak kirimi, kepara malah ana sing durung dak balesi. Akeh sing padha mundhut priksa, yen CD-ne dikirimake, kudu ngganti rupiah pira....

Tekan bab iki aku dadi tidha-tidha...hehehehe...yen ngene iki kan klebu mbajak toh? Aku wedi je... Nanging uga mesakake sedulur-sedulur sing kepingin banget kagungan MP3-ne iku. Ana sedulur seka Banjarmasin, Bandung, Semarang, Jogja, Solo lan sapiturute!

Byuuuh... Mula saka iku, tekan saiki durung ana sedulur sing dak kirimi CD MP3 wayang Ki Hadi Sugito iku! ***


Advertising free mortgage calculator