Thursday, December 18, 2008

Jenenge: Gabriel Janur Danu Fidelio


Gabriel Janur Danu Fidelio, originally uploaded by BornJavanese.

"Gabriel Janur Danu Fidelio", mangkono aku nengeri anakku lanang sing lagi wae weruh padhanging jagad gumelar iki ing dina Sabtu, 13 Desember 2008 kepungkur. Puji syokur dak unjukake ing Pangeran, dene aku pinarcaya momong putra barep kakung sing lahir kanthi slamet, normal lan sampurna. Sawuse nunggu sangang wulan, tekan titi wancine babaran. Ati rumangsa plong lan bungah datan kena kagambarake. Tetela Natal ing tahun iki aku diparingi kado sing istimewa banget.

Gabriel dak pilih dadi nama baptis, miturut padatan umat Katholik. Nama iku asma kagungane malaekat Gabriel (Jibril). Anakku lanang dak suwunake pangayoman lan pamomongane sang malaekat, marga anggone lahir meneri wulan Advent, mangsane umat Katholik padha nyawisake pahargyan Natal, Riyaya Wiosan Dalem Sang Kristus. Malaekat Gabriel iku minangka duta utusan Dalem ngasta kabar kabungahan bab Sang Emmanuel iku marang Ibu Maria, Bapa Yusuf, lan marang para pangon sing lagi njaga wedhus-wedhuse. Ora keri uga marang ratu tetelu saka wetan sing padha kepengen marak sowan marang Panjenengane. Cekake, muga-muga krana pangayomane malaekat Gabriel, besuk anakku bisa dadi pribadi sing tansah gawe bungah atine sapadha-padha.

Janur wus ngarani, yaiku blarak - godhong klapa - enom. Wiwit mula bareng ngerti yen nyonyahku ngandhut, aku pancen wus ujar menawa arep njenengi anakku kanthi njupuk saka sawenehing tetuwuhan. Janur dak pilih, marga nduweni paedah sing luwes banget. Ing ngarep, janur bisa dadi tarub umbul-umbul; mratandhani pangayubagya sing gapyak sumanak marang sapa wae sing rawuh. Ing tengah, janur bisa karonce dadi kembang mayang - pasrening papan lenggahing penganten, lan sawernaning kaendahan liyane ing pasamuan. Ing sawenehing tradisi, janur dadi uba rampe sesaji, ngganepi srananing pandonga kanggo mengkoni uripe manungsa. Ing mburi, janur bisa lumadi awujud nam-naman kanggo wadhah beras, sing dimasak dadi kupat minangka dhaharan utawa sangu lelungan. Selagine garing wae dheweke bisa kanggo daden geni ing pawon, amiwiti lakune wong olah-olah rejeki. Jeneng Janur dak dadekake japa tumraping anakku, supaya bisa dadi pribadi sing luwes marang sapa wae, ing kapan lan ngendi wae bisa leladi kanthi bungah, temahan dadi bebungah.

Danu, iku ateges gandhewa. Dene fidelio seka tembung basa Latin fidel-is sing ateges "kaum beriman". Pandongaku, muga anakku tuwuh dewasa dadi pribadi sing ngrasuk iman kapitayan teguh marang Gusti Allah. Teguh kuwating iman iku kagambarake kaya dene gandhewa kanggo nglepasake panah. Gandhewa bakale mobahake warastra. Yen gandhewane lentur nanging prengkuh bakoh, keplasing warastra uga kenceng lan patitis. Yen kinanthen iman lan katresnan, warastrane mesthine ya bakal salin wujud dadi samubarang sing apik.

Iku manu wedharane. Hehehe... muga-muga anakku ora kabotan jeneng. Kanthi pinaringan momongan iki aku rumangsa saya gedhe tanggung jawabe, nggulawenthah si Janur supaya pandongaku kababar uga ing urip padinan.

Dhuh, Gusti... kanugrahan agung paring Dalem mugi andamel atur panuwun lan raos syokur kula sangsaya ageng. Pinujia lan minulya Asma Dalem, sapunika lan ing salaminipun. Amin. [skd]


Advertising free mortgage calculator