Friday, January 30, 2009

"Ngluku"



"Ngluku" utawa "mluku" iku salah sawijining cara tradisional nggarap sawah ing mangsa plabuh. Ing jaman modern saiki awake dhewe wis arang mrangguli kadang tani ngirit kebo utawa sapi karo manggul luku menyang sawah. Biasane para kadang tani wus migunaake traktor kanthi nyewa marang sing duwe alat iku. Mula rikala adhiku ketemu paklik sing lagi ngluku esuk-esuk ana ing ereng-ereng Menoreh tlatah Nanggulan, Kulonprogo, DIY, age-age dheweke njupuk gambare. Eee... mbok menawa bisa dituduhake marang sanak-sedulur mudhune marang anak-putu sing durung tau weruh pakaryan kaya mangkono, mumpung durung "punah"!

Jaman aku isih cilik, yen wis mangsa plabuh (bubar panen banjur miwiti garap sawah maneh) bapak wis tau ngajak aku budhal menyang sawah saperlu ngluku. Wektu iku traktor isih arang banget. Bapak manggul luku, dene aku manggul pasangan karo brangus (emane ing gambar ndhuwur iku sapine ora dibrangus, dadi ora katuduhake wujude - brangus dianggokake ing congore kebo/sapi kareben ora mandheg mangan suket sajrone nyambut gawe). Gandheng nggonaku mung duwe kebo siji, minangka ganepe nyilih kebo kagungane pakdhe sing bareng-bareng digiring menyang sawah. Budhale wayah esuk mangsane embun durung ilang. Mesthi wae sadurunge sarapan dhisik, mangan jadah utawa sega pandha (sega gurih sing ditutu kaya jadah) lawuh tempe bacem, karo ngombe wedang teh manis. Sebagean digawa menyang sawah kanggo sangu. Jaaaan... nyamleng temenan! Sing marahi aku seneng melu bapak ngluku (utawa nggaru) marga sisan golek welut! Welut-welut sok padha katon ing tilas lakune luku!

Bakda diluku sawahe isih dipaculi, diidak-idak, dirata-rata utawa digaru, banjur ditanduri pari. Dadi, pakaryan ngluku tujuane mung kanggo malik lemah supaya luwih kendho sawuse padhet sasuwene mangsa tuwuhing pari. Luwih-luwih yen lemahe bera utawa suwe ora ditanduri. Kadhang kala pancen para kadang tani sengaja mberaake sawahe supaya lemahe leren "ambegan" dhisik. [skd]

Yen kepingin ngundhuh gambar-gambar ing slideshow iku ana ing kene: [KLIK].

Tuesday, January 27, 2009

KapanLagi.com - Akeh sing padha takon

Sakploke (semenjak) blog iki menangake kontes lan oleh bebungah awujud dhuwit 5jt rupiah dening KapanLagi.com, akeh sing padha mundhut priksa apa aku wus nampa transferan bebungah kuwi. Ora maidu, amarga pancen akeh sing padha cubriya aja-aja KapanLagi mung scam utawa apus-apus. Jalarane, pengumuman pemenang mundur saka sing dijanjekake, nganti tuwuh opini warna-warna. Jujur wae, aku dhewe ora patia ngerti yen para blogger padha protes sadurunge daftar pemenang kaumumake (huuuu...dhasar telmi aku iki!). KapanLagi.com wus njaluk pangapura sisan ngandharake anane kontes berhadiah liyane.

Mula saka iku, ing ngisor iki dak aturake kopi paste konten saka KapanLagi.com sing momot bukti transfer marang rekeningku lan kesaksianku minangka pemenang kontes. Aku wus nampa bebungah iku, antarane kanggo nukokake wedhus bapakku tersayang.... hehehe... (Lha wis janji jeee...) [skd]

Pemenang KapanLagi.com's Friends

Nama: Ag. Sukandar
Blog: http://bornjavanese.blogspot.com/

Ag. Sukandar
Ag. Sukandar

Bukti Transfer:

Agustinus Sukandar

Testimonial:
Bermula dari upaya memperkenalkan blog berbahasa Jawa (http://bornjavanese.blogspot.com) kepada penjelajah dunia maya saya berkunjung ke blog tetangga. Saya lupa blog siapa, namun di sana sudah terpampang banner artis Luna Maya yang mengantar saya ke KapanLagi.com. Itung-itung untuk memperindah blog saya yang waktu itu masih sangat minim hiasan, saya ikutan pasang itu banner, sampai sekarang. Waktu itu saya tidak terlalu berharap akan menjadi pemenang. Apalagi mengingat blog saya 95% menggunakan bahasa Jawa dengan konten yang mungkin tidak populer di kalangan kaum muda. Saya bahkan tidak mengikuti perkembangan opini yang meragukan program OurFriend KapanLagi.com. Sampai saatnya ketika saya akses blog saya, saya terhenyak oleh banyaknya komentar di bawah postingan terakhir. Postingan itu tentang kelahiran anak pertama saya. Komentar-komentar itu berisi ucapan selamat, selamat atas kelahiran anak saya dan selamat atas terpilihnya blog BornJavanese saya sebagai pemenang program OurFriend KapanLagi.com! Surprise! Ini sungguh menjadi kado istimewa Natal dan Tahun Baru bagi saya sekeluarga.

Apakah kemenangan ini suatu keberuntungan? Mungkin iya! Namun bagi saya suatu keberuntungan mustilah dipersiapkan! Entah mengapa banner Luna Maya itu tak pernah saya delete, meskipun tampilan blog itu telah berkali-kali mengalami perubahan. Saya menyambut kemenangan ini justru bukan sebagai prestasi saya semata, namun sebuah apresiasi KapanLagi.com terhadap kekayaan budaya tradisional, dalam hal ini budaya Jawa. Peran para pengunjung blog saya juga sangat besar melalui komentar, link balik, maupun sekedar hit. Saya yakin di antara mereka ada yang meluncur ke KapanLagi.com. Oleh karena itu, saya mengucapkan banyak terima kasih kepada semuanya. Diam-diam program OurFriend KapanLagi.com memacu saya untuk lebih peduli terhadap kekayaan budaya tradisional melalui blogging.

Terima kasih, KapanLagi.com! Semoga semakin sukses dan jaya melalui dunia maya dari negeri Indonesia!

Salam,

Ag. Sukandar

Thursday, January 22, 2009

Bumi iki bunder!

Donya iki pancen bunder! Mangkono ujaring atiku. Sanadyan durung tau ana ing awang-awang ing antaraning lintang rembulan , nanging aku yakin banget bab iku. Foto satelit bisa dadi bukti. Plengkunge cakrawala sing katon rikala numpak montor muluk (aku wis tau, hehehe...) uga bisa dadi tandha sing trawaca. Ilanging prahu layar saka ing pandulu, kaya-kaya angslup ing segara, uga aweh pratandha sing padha. Cekake, sacara wadhag kasunyatan bab bundere bumi iki ora kabantah maneh.

Nanging anehe, ing sajeroning pikiran lan pangertening manungsa isih sok ana panemu sing primitif bab donya iki. Coba wae rikala awake dhewe caturan bab kabudayan. Donya iki kaya-kaya awujud blebekan papan kang sinigar dadi pirang-pirang bagean: kulon-wetan, lor-kidul, tengah-pinggir! Ana sing diarani "budaya Barat" lan "budaya Timur", "negara-negara Utara" (negara sugih) lan "negara-negara Selatan" (negara miskin). Sing loro keri iki mbokmenawa isih rada tinemu akal marga nganggo dhasar tilas-laku-mayane srengenge. Iku wae isih bisa gawe bingung yen awake dhewe presis ana ing kutub lor utawa kidul! Yen arah jumedhule srengenge dadi landhesan panemu kulon-wetan, Semarang iku wetan tumraping Jakarta, nanging kulon trumraping Surabaya! Dadi, Semarang iku wetan utawa kulon?! Jawabane gumantung saka ngendi anggone nyawang! Dadi, relatif!

Lha, yen ditrepake marang kabudayan, olah pikir lan panemu, kaprigelan lan adat-istiadat, apa sing bisa didadekake dhasar kanggo nitik kabudayan iki "barat" lan sing iku "ketimuran"? Mbokmenawa gegayutan bab iki ana sejarahe dhewe, kapan presise tembung kulon lan wetan dicakake kanggo nengeri cirikhas kabudayan-kabudayan ing donya iki. Nanging dak anggep iku ora relevan maneh!

Awake dhewe isih sok ngarani yen cara mikire wong Amerika, Australia lan Eropa kana iku cara mikire wong (kabudayan) Barat. Dene cara mikire wong China, Kamboja, Jepang, Melayu, Indonesia, India, iku cara mikire wong (kabudayan) Timur. Agama iki duweke wong kulon, dene agama iku duweke wong wetan. Kepara anggone ngarani kaya mangkono mau kinanthen rasa-pangrasa, panggraita lan sikap sing cubriya, serik utawa memungsuhan; yen perlu siaga tata-tata amerangi anyingkiri siji lan sijine sing padha dene nganggep sabrang utawa asing!

Byuuuh...byuuuuh...! Saiki iki wus jamane donya njaba-njero bunder! Globalisasi wus dudu barang aneh maneh. Pasrawungane wong-wong sadonya iki wus ora bisa dipenggak maneh. Papan lan laladan wus ora pati dadi alangan sing pengaji banget. Bukti nyatane, teknologi cellular lan jejaring internet wus dadi barang darbe meh saben wong! "Halloooo...Mister, ini Agus! Walaaah... Agus Aguuus!" - isa dadi conto tandha-tengara anane globalisasi iku. Ambyuking wong sajagad menthelengi televisi kepingin nyipati lan nggatekake pelantikan Barack H. Obama ing Washinton DC uga dadi conto sing anget. Figur Obama sing getihe ireng lan putih, lan wus tau ngalami urip ing jangkaning kiblat papat "kulon-wetan-lor-kidul", ndadekake wong sadonya kaya-kaya duwe gegadhangan anane tokoh sing bundere jagad iki ora mung ana wadhag, nanging uga ana ing njero!

Dening Gusti aku wus kepareng lahir dadi bocah Jawa.
Esuk-awan-sore nyipati plethek nganti tekan surupe srengenge. Dene yen wayah bengi kasunaran lintang rembulan sing gawe tentrem lan padhanging kalbu. Srengenge, lintang lan rembulan iku sing uga mengkoni kabeh wong tunggal sabumi.
Gegadhanganing atiku: kapan aku dadi manungsa sing wutuh,
ora mung saperangan lan datan ilang Jawa-ku. [skd]

Thursday, January 15, 2009

Bawa Pocung Kebersihan - MP3

Bawa Pucung:
panyuwunku, dha gatekna piwelingku
melu sabyantua, program pemrentah sayekti
kebersihan ketertirtiban den tindakna

Palaran:
resik iku perangan iman satuhu
melu sabyantua, program pemrentah sayekti
lahir batin mbudidaya adipura


Lancaran:
kabeh wae gatekna welingku
sing sregep le nyapu sakiwa tengenmu
sing nuku sing bakul warung lan sing tuku
sing mlaku kudu nggugu

sing anunggang montor ja mbebuwang sak nggon-enggon
urmata, sumbangna kang dandan pasukan kuning
nadyanta ora menging

pakaryan kang mulya mula padha sabyantua
eling kebersihan dadi warga kang resikan
resik nyata becik saya nyengguh kasarasan - interlude

aja mung waton bisa mbebuwang regetan turahan
nadyan amung dluwang ra patut disawang
sanyata larahan tegesan ra karuan

ing tengahing kutha, njaba kutha nganti desa
sing padha tumata, larahane wadhahana
ja mbuang ana kali

banyu ora mili larahan ngebaki kali
mili ora lintir tundhone wis mesthi banjir
mula dha elinga kebersihan budayakna.


Get your own playlist at snapdrive.net!

Download: Bawa Pocung Kebersihan (Campursari)

Tuesday, January 13, 2009

Kupu Kuwi - MP3



Mider-mider wayah esuk, akeh kaendahan sing bisa sinawang. Ing antarane kupu-kupu. Ing dhuwur iku slideshow saka foto sing dak jepret dhewe. Nyawang kupu-kupu iku banjur kelingan yen aku duwe gendhing "Kupu Kuwi", mula sekalihan dak aturake ing kene. [skd]

Kupu Kuwi

kupu kuwi dak incupé
mung aburé ngéwuhaké
ngalor ngidul ngétan bali ngulon
mrana mréné mung saparan paran
katoné ra ngerti sayah
mentas méncok cégrok banjur mabur bleber


Yen kepingin maos tulisan versi Inggris-e: [KLIK]


Download: Kupu Kuwi - MP3.

Saturday, January 10, 2009

Tamba lelara sing wus kadhung mbalung sumsum

Wong sajagad melu padha mbengok.
Mula sing tuwuh ing ngendi-endi ora mung solidaritas kemanusiaan,
nanging uga solidaritas kamurkan!


Karepku jan-jane arep nulis komentar bab konflik Israel-Palestina ing jalur Gaza. Nanging paling-paling isine mung emosi lan nyupatani pihak-pihak sing cawuh ing kana. Utawa kajeglong ing anut grubyuk rubuh-rubuh gedhang ambyuk ing jagading pepeteng donyaning kebencian lan nepsu wales-winales. Konflik Israel-Palestina sing sejatine wus thingis wiwit maewu-ewu tahun kepungkur kanggoku dadi tuladha bab olah sikap cipta-rasa-karsaning manungsa sing gagal mbangun kapribaden bangsa sing dewasa.

Sejatine gampang ngrampungake perang: ora usah males! Yen ana wong nabok, terus diwales tabokan, trus balik males maneh, kapan rampunge anggone tabok-tabokan? Yen salah siji wani nglekasi ora males, rampung.

Wong Jawa duwe sesanti, "sapa ngalah luhur wekasane". Yen bapak utawa ibu ing kulawarga menangi anak-anake padha rebutan, dolanan umpamane, biasane sok njur ngendika, "Sing tuwa mbok ngalah!". Ngalah dadi pratandha sikap dewasa. Ngalah ora ateges kalah, ananging milih posisi sikap sing ora agresif. Wong dewasa kudune bisa momong.

Saking lara tatune peperangan ing jalur Gaza kana, sajake bodho yen nyipati korban - sing racake bocah-bocah lan warga sipil - banjur meneng wae. Cacing wae kepidak krogel-krogel. Lha iki manungsa jare! Ora maidu menawa pepadoning lathi warganing korban padha kumejot saka gedhening nepsu ora narima marang kahanane. Larane wis kadhung nandhes tekan balung sumsum lan wus nglambrang ing awang-awang dadi hawa sing saben wektu kairup kanggo ambegan. Hawa iku kepara malah katiup ing angin tekan ngendi-endi ing saindhenging jagad! Sing ngunjal hawa lara iku melu-melu dadi duka lan murka. Wong sajagad melu padha mbengok. Mula sing tuwuh ing ngendi-endi ora mung solidaritas kemanusiaan, nanging uga solidaritas kamurkan!

Saka panglimbangku sing mbok menawa naif, lelara kaya mangkono iku ora bakal mari mung ditambani nganggo bodrex. Lelara jenis sing siji iki mung bisa ditambani srana sembahyang, pasa lan matiraga! Solidaritas sing ora kinanthen racikaning tamba iku sisip sembire mung bakal gawe mendhunging jagad saya angendanu. [skd]

Monday, January 05, 2009

"Gusti ora sare!" - BornJavanese menang kontes!

i'el umur 4 sasi ing kandhunganDina Kemis sore, tanggal 04 Desember 2008 aku mulih Jogja saperlu ngeterake nyonyahku sing lagi ngandhet tuwa. Si jabang bayi wis silak ora betah aneng njero guwagarbaning bojoku. Lha, ibune thole kepingin babaran ing Jogja supaya katunggon ibu, ya eyang putrine thole. Maklum, anak sepisanan, dadi ya durung pe-dhe. Tur maneh, yen babaran ing Jakarta saya ora pe-dhe, jalaran adoh sedulur lan sing baku ragate mesthi gedhe. Durung yen lahire bocah ndadak nganggo dioperasi sesar. Sumlengeren aku! Gek aku iki isih wong pidak pedarakan sing lagi thimik-thimik urip ing metropolitan kanthi pametu sing pas-pasan. Cekake, ora duwe tandhon celengan kanggo jumedhule jabang bayi ing alas Jakarta iki!

Tekan Jogja atiku wis rada lega, bisa tekan ngomah kanthi slamet. Nanging rasa was kuwatir isih ana. Jarene dokter anakku bakal lahir antarane tanggal 23 - 27 Desember. Wektu iku THR-ku wus mudhun durung ya? Yen durung, blaik! Mula aku ancang-ancang golek utangan. Untung ana sing sumadhia kapan wae aku prelu. Syukuuur... ati dadi rada ayem. Ya muga-muga wae ora nganti numusi duwe utangan. Muga-muga lahire anakku normal wae. Mula sadurunge aku budhal balik Jakarta dina Selasa, 09 Desember, aku weling marang si jabang bayi sing isih nang njero weteng, "Le... mengko yen kepingin metu, metu ngono wae ya! Ora ndadak nganggo aeng-aeng, lan ora usah nunggu bapakmu iki. Bapak arep nyambut gawe. Tenan, lho Le!"

Dina Jemuah, 12 Desember tengah wengi, nyonyahku nelpon, wis nganggo sambat mules-mules. Aku dikon siap-siap mulih. Esuke, 13 Desember aku age-age nyawisake apa-apa gaweyan sing kudu dak pasrahake marang kancaku. Tabuh 08.00 bojoku nelpon maneh yen wis diterake menyang RS. Panti Rapih, sajake pancen wis tekan wektune. Waaa... saya kalut aku. Tabuh 11.27 aku oleh telpon maneh saka adhiku ipe, "Anakmu wis lahir...cowok...normal! Selamat yaaa..." Nyeeessss... atiku lwegaaa ra karuan! Pandongaku kabul. Matur nuwun, Gusti! Sabtu sore aku mulih kanthi ati bungah.

Lha, nanging THR durung mudhun! Blaik temenan! Kapeksa ndhodhog sing nyaguhi motangi aku. Dina sabanjure potangane cair. Hehehe...alhamdulillah! Janjiku, pokoke THR mudhun, langsung utang dak balekake. Dina Selasa, 16 Desember bojo lan anakku wis bisa dak gawa mulih kabeh. Sorene aku mulih maneh menyang Jakarta jalaran mung entuk cuti istri melahirkan 2 dina. Jemuah, 19 Desember sore mulih Jogja maning! Jaaaan... wira-wiri. Kesel awak lan ragad, hehehe... ning ya ra papa, wong atine lagi bungah diparingi momongan sing sehat, normal, sampurna, lan bagus kaya bapakne! Hahaha...

Minggu, 21 Desember anakku digawekake kendurenan puputan. Untunge, Bapak-Mamak lan kulawargaku padha melu cawe-cawe. Adhiku nyilihi dhuwit, dene bapak nganti adol wedhus barang! Trenyuh atiku. Tanggal 23 Desember THR mudhun, langsung dinggo mbayar utang! Lumayan, ora dadi slilit. Lha, ning... tangga teparo wis padha ngawe-awe: akeh sing padha dadi manten, karo sunatan! Tambah maneh, adhiku ragil uga bar kapusan 300 ewu dening sms gemblung! Ealaaah... Ora pa-pa, aku percaya yen Gusti mesthi tansah paring dalane rejeki. Gusti ora sare!

Kaya siniram tirta sawindu, rikala aku niliki blog iki persis ing tanggal 1 Januari 2009, mangsane Tahun Baru. Blog basa Jawa iki akeh sing padha ngrawuhi lan paring komentar. Ora kaya adate, akeh ucapan selamat tumpuk-tumpuk: Selamat Natal & Tahun Baru, proficiat marga pinaringan momongan, lan selamat marga menang kontes program Ourfriends KapanLagi.com! Oalaaah Le.... Le..., tekamu nggawa rejeki! Aku antuk bebungah awujud dhuwit 5.000.000 rupiah. Hehehe... gambare Luna Maya ing sidebar sisih tengen kuwi sing njalari blog iki kapilih.

"Pak, mengko yen bebungahe wus cair, dak tukokake wedhus wis!" mangkono janjiku marang bapakku sing mung banjur mesam-mesem.
"Yen ora apus-apus..." bapak sajak ora pati njagaake.

Esuk mau aku oleh telpon saka KapanLagi.com, konfirmasi nomor rekeningku! Jreeeeng...!!! Klakon nukokake wedhus bapak temenan iki! Hahaha...

Matur nuwun dhumateng KapanLagi.com, dene sampun milih blog punika dados satunggaling pemenang ing kontes Ourfriends. Sinaosa blog punika boten populer ing antawisipun kadang anem ing nagari punika, ananging menangipun BornJavanese ing ajang kontes, mratandhani bilih KapanLagi.com suka apresiasi dhateng budaya tradisional, kalebet budaya Jawi.

Kula ugi rumaos, pinilihipun blog punika boten amargi kula kewala, ananging ugi amargi para kadang sutresna ingkang tansah ngrawuhi. Pramila, atur panuwun ugi kula caosaken dhumateng panjenengan sadaya ingkang tansah rawuh ing mriki. Tanpa panjenengan, kula kinten tangeh lamun blog punika kapilih dados pemenang.

Salam sukses, lan mugi Gusti tansah amberkahi! Gusti ora sare! [skd]


Advertising free mortgage calculator