Monday, July 20, 2009

Ngriyayakake Endahing Rembulan & Lintang

Endahing rembulan rikala ndadari ing wayah sore sajake wus ora merak ati maneh tumrape bocah-bocah saiki. Cahyaning sasangka katilep dening pedhuting jaman kang gawe ampak-ampak sing nutupi sumilaking langit. Blerenge lampu listrik ngalahake jingglange rembulan lan kumelipe lintang-lintang. Mbok menawa iku durung patia krasa. Sing marahi luwih ngungun, tetembangan lan dedolanan ngriyayaake endahing rembulan wus ora keprungu maneh saka gegojegane bocah-bocah saiki. Kumandhange 'Jamuran', 'Cublak-cublak Suweng', 'Ancak-ancak Alis', 'Sluku-sluku Bathok', lsp wus kasirep dening swara-swara gumuruh saka kotak-kotak kaca warna-warni lan dolanan sing nguja agresi-ne bocah-bocah jaman. Tembang lan dolanan ing mangsa rembulan ndadari nyata-nyata wis mlebu kothak.

Sing ndadekake kuwatir, dudu saya lantip lan trengginasing bocah-bocah jaman saiki, ananging ilange kalodhangan sing ngraketake sesambungan tresna antarane bocah-bocah karo alam sawegung sing bisa mekarake rasa-cipta-karsa minangka manungsa sing lagi tuwuh diwasa. Samubarang sing endah sacara alami ora kober oleh kawigaten. Temahan olah rasa sing tuwuh saka ati kang tumenga marang samubarang sing endah ing sakiwa-tengen dadi ora oleh kawigaten, disingidake saka pengalaman padinan sing konkret. Kamangka, citarasa kaendahan iku tlonjonge unga bakal ngenani ing sikap lan tandang tanduk, marang pepadha, marang awake dhewe, munggahe marang Gusti sing karya urip. Kepriye bisane diterangake marang bocah-bocah ngenani endahe lan agunge dadi manungsa ing bebrayatan agung ini - menawa unggah-ungguh lan sopan santun iku endah, solider iku tumindak sing endah, guyub-rukun lan gotong-royong iku endah, srawung marang sapadha-padha iku endah, maneka warna iku endah, netepi tanggung jawab iku endah, alam sing resik lan kerumat iku endah, ... lsp - yen bocah-bocah ora duwe pengalaman bab-bab iku?

Kautaman-kautaman iku bisa diuri-uri lan dialami wiwit saka dolanan semuwa (ora dhewekan) samangsa isih bocah.

Tembang dolanan 'Cublak-cublak Suweng' lan sajenise, mbokmenawa wis ora dikenal dening bocah-bocah saiki, ilang saka atmosfer pasrawungane bocah-bocah saiki. Iku mratandhani menawa laku tumurune tembang-tembang lan dolanan-dolanan tradisional marang generasi penerus wus mandheg, bebarengan karo sireping sorak gambiraning bocah-bocah mangayubagya pletheking rembulan.
Aku yakin, rembulan lan lintang sajatine ora ilang kaendahane... mung wae mripat iki sing sok kaling-kalingan pedhuting jaman. Ewa semono, aku duwe tekad bakal nyritakake bab iki marang anak putuku, sinambi ngajak ngalami nyawang rembulan lan nuduhake cara-carane kepriye kaendahane iku diriyayakake kanthi gambira. [skd]

Download gendhing-gendhing/tembang dolanan:
01 - Gethuk - Cipt. Manthou's.mp3
02 - Menthok-menthok - Cipt. Hardjo Subroto.mp3
03 - Jaranan - Cipt. NN.mp3
04 - Bang-bang Wetan Wis Rahina - Cipt. Hadi Sukatno.mp3
05 - Cublak-cublak Suweng - Cipt. NN.mp3
06 - Jamuran.mp3
07 - Gethuk.mp3
08 - Pak Dengkek.mp3
09 - Aku Duwe Jago.mp3
10 - Sinten Numpak Sepur.mp3


Advertising free mortgage calculator