Friday, November 10, 2017

Orizha Widiasari - Suminten Edan - Lg Tembang Kangen








SINOM 'Memanismu' 

Memanismu kang ngujiwat 
agawé rujiting galih 
Mara apa kang sinedya 
upama mundhuta rukmi 
tartamtu tak turuti 
Ibarat wong numpak prahu 
lumampah tanpa welah 
ing madyaning jalanidhi 
Temah gonjing anggènjong nèng pagulingan 

Saksikan versi lengkap limbukan ini dalam lakon: Sesaji Raja Soya
Dalang: Ki Seno Nugroho
Video Lengkap: https://www.youtube.com/watch?v=Nr3vw...
Video Credit (jangan lupa subscribe): PWKS Live (https://www.youtube.com/channel/UC94X...)

Monday, November 06, 2017

Bawa Pucung Kebersihan



BAWA PUCUNG 'KEBERSIHAN'

BAWA:
panyuwunku
dha gatèkna piwelingku
mèlu sabiantua
program pemréntah sayekti
kebersihan ketertiban dèn tindakna

PALARAN:
resik iku
pérangan iman satuhu
mèlu sabiantua
program pemréntah sayekti
lahir batin mbudidaya adipura

LANCARAN:
kabèh baé gatèkna welingku
sing sregep lé nyapu sakiwa tengenmu
sing ruko sing bakul warung lan sing tuku
sing mlaku kudu nggugu
sing anunggang montor ja mbebuang sanggon-nggon
ngurmata sungkana nang tandang pasukan kuning
nadyanta ora menging
pakaryan kang mulya mula padha sabiantua
éling kebersihan dadi warga kang resikan
resik nyata becik saya nyengguh kesarasan
aja mung waton bisa mbebuang regetan turahan
nadyan amung dluwang  ra patut disawang
sanyata larahan tegesan ra karuan
ing tengahing kutha njaba kutha nganti ndesa
sing padha tumata larahané wadhahana
ja mbuang ana kali
banyu ora mili larahan ngebaki kali
mili ora lintir tundhoné wis mesthi banjir
mula dha élinga kebersihan budayakna
Musik: Campur Sari Gunung Kidul (CSGK)
Arr.: Manthous


Advertising free mortgage calculator